Batang, Wartadesa. – Tego nemen tindakan sing dilakukan Prakoso Aji (18), warga seko Desa Semayu, Kabupaten Wonosobo. Deweke tego nglakoni tindakan “U’uk” (asusila) karo sedulur sepupune, J (7), bocah kelas SD neng Kecamatan Wonotunggal, Kabupaten Batang.
Kelakuan cabul sing dilakoni Prakoso Aji, wis dilakoni ping telu. “Anakku ngaku wis di “U’uk” karo sepupune ora pisan pindo, malah ping telu,” ujare ibu korban, Jum’at (13/07) sak wise nglaporke kedadian sing nimpa anak wedok’e neng Unit Perlindungan Perempuan dan Anak (PPA) Polres Batang.
Pengakuane ibu korban, Prakoso Aji pancen sering nginep neng omahe korban. Malah pas lebaran 2018 wingi, korban dilecehke neng omahe korban.
Ibune korban awale ora curigo marang pelaku, lantaran sik mambu sedulur. Tur sering nginep neng ngomahe. Tapi pas anak’e ngeluh, jare loro neng bagian “suwuk”, akhire ibune ngecek. Pas dicek ternyata bener, ono bekas memar neng bagian suwuk anak’e.
Ibu korban langsung nakoni J, sopo pelakune. Korban ngaku, pelakune sedulur sepupune, Prakoso Aji. Korban ngaku perbuatan biadab sing dilakoni pelaku wis kaping telu. Pertama neng ruang tipi, terus neng kamar tidur, kaping telune neng ruang tipi maneh.
“Anakku mraktekke, kakang sepupune nindihi awakke, terus nglebokke “sesuatu” neng njero suwuk’e” ibune korban nambahi penjelasane.
Ngrungu kedadeyan koyo ngono, akhire ibune korban nglaporno neng Unit PPA Polres Batang. Deweke ngarep yeng pelaku oleh ukuman sing sesuai karo kelauan pelaku. (Sumber: radar pekalongan)